Minggu, 10 Maret 2013

Geguritan: Srimpi Pandhelori


Srimpi Pandhelori
Dening Cipuk Wulan Adhasari




Penari kang cacahe papat
Marakake segering mripat
Kawiwitan saka lungguh sila
Ora lali ngaturake sungkem kang andhap asor
Lakune penari kang alon kaya macan luwe
Kairing dening gamelan kang nentremake ati



Srimpi Pandhelori saka Ngayogyakarta
Samirana, toya, brama, lan bawana
Katampilake dening penari kang cacahe papat

Srimpi Pandhelori uga nduweni arti
Carita saka tanah Jawa
Dewi Sirtupilaeli lan Dewi Sudarawerti nduweni impen kang padha
Impen marang salah sawijining pengeran saka tanah Arab

Ora ono kang kalah utawa jaya
Kabeh selaras uga tumata
Sang pengeran banjur milih kaloro dewi

Kaselarasan dening tetabuhan gamelan lan lumaku
Katon nduweni karya seni ingkang agung
Uga makna saka carita kang bisa kapethik

Tidak ada komentar:

Posting Komentar